Kedadeyan iki tak alami nalika ramadhan tahun lalu. pancen usume virus korona, akeh wong padha isolasi mandiri neng omah. aku wis mredhiksi yen bakul bakul padha ora dodol, mula bengi iki aku wis siap Indomie Soto favoritku tak gawe masak sesuk sahur. Ya maklum jenenge anak kost, sahure cukup Indomie karo banyu, tenagane mung niyat. Rumangsa wis ayem bubar tadarus aku langsung turu, ora lali pasang alarm jam 3 kanggo sahur. "ttiiiittt...ttiiiitttt" alarm HP wis muni, wektu wis nuduhake jam 3 mula aku kudu tangi merga wayahe sahur. Indomie tak jupuk banjur mlaku neng dapur. Ing kost ku pancen disediyani dapur bersama kanggo mahasiswa sing kost. "theek...theek..." swara kompor tak coba nyalakne bola bali kok tetep ga kenek, prasaanku wis rada ora penak, aja-aja gas e entek. Wadhuh, banjur tak cek jebul tenan gas e entek, blaen iki njur aku sahur piye ? kamangka jam tetep lumaku wis meh imsak. Pungkasane bali jaman cilikanku biyen. Indomie tak remuk langsung tak pangan tanpa dimasak. Wis, Bismillah muga-muga tetep kuat pasa. Yungalaah. . nasib bocah kost, adoh tekan omah, sahur wis kadhung mbayangne Indomie kuah soto malah sidane mangan renyekan mie. kriuuk tenan. . .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar