02 Januari 2022

PURWAKANTHI

Purwakanthi iku salah siji sarana kanggo mujudake Basa Rinengga. Purwakanthi kaperang dadi telung warna, Yaiku Purwakanthi Guru Swara, Purwakanthi Guru Sastra, lan Purwakanthi Guru Basa utawa Lumaksita.

1.     Purwakanthi Guru Swara : runtut swarane (padha huruf vokal : A,I,U,E,O)

Tuladha :

  • -        Aja sanja ana Surabaya
  • -        Kowe mrene dhewe piye ceritane ?
  • -        Saiki Dewi nyanyi nganti lara ati

 

2.     Purwakanthi Guru Sastra : runtut sastrane (padha huruf konsonan : B,C,D,…Z)

Tuladha :

  • -        Bakul Baksone bola-bali bingung
  • -        Kabeh kancane kok ketok keren
  • -        Masruroh mesam-mesem maem mie mimike es moka

 

3.     Purwakanthi Guru Basa/Lumaksita : runtuting ukara/kata lan uga wanda/suku kata. Tembung sing neng pungkasan digawe maneh kanggo awal ukara.

Tuladha :

  • -        Dedi mantuk, tukang balon, lontong sayur lamongan, ngantuk banget.
  • -        Adhik maem nagasari, riwul awal awul jenang katul.
  • -        Gelem mangan, mangan sega goreng, goreng iwak peyek.
  • -        Bocah pinter, pintere ngungguli Dokter.

Tidak ada komentar: