31 Desember 2024

Sekti - Denny Caknan

ꦱꦼꦏ꧀ꦠꦶ - Sekti

ꦱꦪꦁ꧈ꦱꦮꦁꦔꦼꦤ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦸꦭꦤ꧀ꦏꦲꦺ

sayang, sawangen rembulan kae

ꦱꦸꦩꦸꦤꦂ꧈ꦚꦮꦁꦲꦏꦸꦫꦺꦴꦏꦺꦴꦮꦺ

sumunar, nyawang aku ro kowe


ꦱꦪꦁ꧈ꦪꦏꦶꦤ꧀ꦤꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦱꦸꦮꦺ

sayang, yakina wis ora suwe

ꦱꦼꦱꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦤ꧀‌ꦲꦏꦸꦗꦺꦗꦺꦂꦫꦺꦴꦏꦺꦴꦮꦺ

sesandhingan, aku jejer ro kowe

ꦱꦼꦤꦢꦾꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦠꦸꦮꦫꦸꦁꦩꦫꦺꦁꦏꦺ

senadyan, wong tuwa rung maringke


ꦎꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦒꦼꦣꦺꦠꦏ꧀ꦱꦼꦧꦿꦔꦶ

Ombak gedhe tak sebrangi

ꦧꦚ꧀ꦗꦶꦂꦧꦤ꧀ꦝꦁꦠꦏ꧀ꦠꦠꦏꦶ

banjir bandhang tak tataki

ꦥꦼꦤ꧀ꦠꦶꦁꦲꦏꦸꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦶꦱꦢꦢꦶꦱꦶꦗꦶ

penting aku kowe isa dadi siji


ꦒꦸꦤꦸꦁꦚ꧀ꦗꦼꦧ꧀ꦭꦸꦏ꧀ꦠꦏ꧀ꦗꦏ꧀ꦔꦺꦴꦥꦶ

Gunung njebluk tak jak ngopi

ꦱ꧀ꦒꦫꦒꦼꦤꦶꦠꦏ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦔ꧀ꦭꦔꦶ

sgara geni tak nggo nglangi

ꦲꦥꦩꦤꦺꦃꦩꦸꦁꦔ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦧꦥꦏ꧀ꦩꦸꦏꦸꦮꦶ

apa maneh mung nglawan Bapakmu kuwi


ꦩꦼꦱ꧀ꦠꦶꦠꦏ꧀ꦭꦢꦺꦤꦶ

mesti tak ladeni

Tidak ada komentar: