03 Juli 2021

Tuladha Pacelathon ing Lingkungan Masyarakat

Blanja Sayur

 

Susi

:

Pak Dhe, tumbas Lombok kalih Wortel

Bakul sayur

:

Eh ndhuk susi cah ayu. Piye ? Tumbas apa ?

Susi

:

Niki Pak Dhe, diutus Ibuk tumbas Lombok kalih Wortel, setengah kiloan.

Bakul sayur

:

Oh iya, sampeyan milih kuwi wortel karo lomboke, lebokne timbangan kene.

Susi

:

(milih Lombok banjur milih wortel sing apik)

Inggih, niki.

Bakul sayur

:

Weh pinter tenan milihe, pas iki timbangane.

Ya wis iki, ndi dhuwite.

Susi

:

(menehake dhuwit)

Niki Pak Dhe, matur nuwun.

Bakul sayur

:

Iya ndhuk, matur nuwun ya, ati-ati nak ndalan.

Susi

:

Inggih Pak Dhe.

 

👇 BACA JUGA 👇

Tuladha Pacelathon ing Sekolah

Tuladha Pacelathon ing Omah

😘 maturnuwun 😘

1 komentar:

Anonim mengatakan...

Nama : Reyvan Dimas Prasetyo/29
Kelas : X TKJ 2
Indri : Yu sakiki wayah jadwal piket mu lho.

Bayu : iya ndri aku wis weruh.

Indri : sapa wae Dina Iki kang piket bareng Kowe yu?

Bayu : sing piket bareng aku Kuwi ya Tuti , Ratri , Adit , lan Reza.

Indri : tapi Reza Karo Tuti ora mlebu yu.

Bayu : iya ndri , aku wis weruh Ket mau ndri.

Ratri : eh yu mau aku ketemu Bu sari , terus jarene adhewe dina Iki ora usah piket.

Bayu : la Lapo tri?

Ratri : Amerga adhewe apene kerja bakti yu.

Indri : Seru iku tri.

Ratri : iya ndri , iku pekerjaan sing paling tak senengi.

Bayu : ya wis Ayo menyang lapangan , mbabuti rumput.

Ratri + Indri : Ayo!!!