06 Juni 2021

Swara Jejeg lan Miring (Vokal Basa Jawa)

 Nalika ngomong nggunakake Basa Jawa, wis mesthi sampeyan bakal nemokake vokal utawa swara sing beda karo sing enek ing bahasa indonesia. Kayadene nalika sinau Bahasa Inggris, enek tembung/kata sing tulisan karo macane beda.
Kayata : Today (baca: tudei), Monday (baca: mandei), freedom (baca: fridem), lan sapanunggale.
Ing basa jawa vokal kuwi diarani swara jejeg lan miring, yaiku nalika tulisan karo swarane diwaca padha utawa beda. Supaya luwih jelas sampeyan gatekne andharan ing ngisor iki.

  • A jejeg : diarani vokal a jejeg yen diwaca ō
    • Tuladha : klapa, sega, kanca, sumangga, basa jawa, lsp.
      • Tulisane nganggo huruf a, nanging diwaca swara ō
  • A miring : diarani vokal a miring merga tetep diwaca a
    • Tuladha : sapi, maem, karep, madhep, sopan, lsp.
      • Tulisane nganggo huruf a, tetep diwaca a
  • I jejeg : diarani vokal i jejeg merga tetep diwaca i
    • Tuladha : sapi, kuwi, tangi, iki, klambi, lsp.
  • I miring : diarani vokal i miring merga diwaca e
    • Tuladha : kuping, garing, mampir, angin, lsp.
  • U jejeg : diarani vokal u jejeg merga tetep diwaca u
    • Tuladha : kuping, kucing, lampu, buku, kuwi, lsp.
  • U miring : diarani vokal u miring merga diwaca o
    • Tuladha : balung, kampung, watuk, njaluk, manut, lsp.
  • E jejeg : diarani vokal e jejeg merga tetep diwaca e
    • Tuladha : kowe, mrene, enak, sesuk, lsp.
  • E miring : diarani vokal e miring merga ora diwaca e. dibedakne dadi 2 macem yaiku
    • e sing diwaca ê, tuladha : emoh, wegah, seneng, semar, degan, lsp.
    • e sing diwaca é, tuladha : kelek, cewek, gepeng, suwek, lsp.
  • O jejeg : diarani vokal o jejeg merga tetep diwaca o
    • Tuladha : omah, kowe, bakso, soto, kanggo, lsp.
  • O miring : diarani vokal o miring merga diwaca ō
    • Tuladha : galon, balon, kompor, momong, bolong, batagor, lsp.
Piye ? saka andharan ing dhuwur wis bisa mbedakake pangucape/swara ing Basa Jawa ? mula ayo padha dilatih ngomong lan nulis ing Basa Jawa.

😊😊😊😊😊

Tidak ada komentar: