28 Februari 2021

Sandhangan Aksara Jawa

Sandhangan iku tegese aksara sing diwenehake marang Aksara Legena supaya muni vokale, bisa diwenehake ing ngarep, tengah lan mburi.

Sandhangan Aksara Jawa dibedakake dadi 3, yaiku :

1. Sandhangan Swara, kanggone vokal i(wulu), ê(pepet), e(taling), u(suku), o(taling tarung)

Tuladha : pipi, sapi, sêga, enak, buku, kowe

2. Sandhangan Panyigeg, kanggone swara mati r(layar), ng(cecak), h(wignyan)

Tuladha : pasar, lawang, omah

3. Sandhangan Wyanjana, kanggone swara seselan/swara tengah; ra(cakra), ya(pengkal), rê(kêrêt)

Tuladha : prawan, kyai, krêtêg





Tidak ada komentar: