25 Oktober 2020

Jinising Ukara


  1. Ukara Andharan

Yaiku ukara sing isine ngabarake utawa nyritakake sawijining bab/kedadeyan. Cirine ukara andharan dipungkasi kanthi tandha waca titik (.), mula macane kanthi intonasi sing rata lan ora ana penekanan.

Tuladha :

a.      Aku tuku paketan internet wingi sore.

b.     Adhik maem sate ayam ing warunge Pak Kadir.


  1. Ukara Pitakon

Yaiku ukara sing isine nakokake bab tartamtu. Cirine dipungkasi tandha waca pitakon (?), mula macane kanthi intonasi takon.

Tuladha :

a.      Sapa sing dolan neng omahmu wingi ?

b.     Apa kowe ngerti sandhalku ?


  1. Ukara Pakon

Yaiku ukara sing isine mrentah wong liya supaya nindakake pakaryan manut apa sing dikarepake karo sing ngongkon. Cirine dipungkasi tandha waca seru (!), mula macane kanthi intonasi seru lan rada ditekan.

Tuladha :

a.      Dhik, tulung jupukna bukuku !

b.     San, ndang adus !


  1. Ukara Panguwuh

Yaiku ukara kang nggambarake ekspresi, emosi, rasa ora percaya utawa gumun, lan liya-liyane. Cirine diwiwiti kanthi tembung panguwuh, kayata wow, wadhuh, hi, hore, wah, lan sapanunggale.

Tuladha :

a.      Hore, aku oleh biji satus!

b.     Waow, ayu tenan arek iku!

 

Catatan :

Nalika gawe Ukara Andharan lumrahe kanthi struktur sing jangkep Jejer(Subjek), Wasesa(Predikat), Lesan(Objek), lan Katrangan(Keterangan). Supaya gampang nalika ukara kuwi kudu diowahi dadi ukara pitakon, pakon lan panguwuh.

Tuladha :

Adhik tuku dolanan neng Kodam.

Adhik              : Jejer

tuku                 : Wasesa

dolanan           : Lesan

neng Kodam   : Katrangan Panggonan.

 

Saka tuladha Ukara Andharan iku bisa diowahi dadi Ukara Pitakon, Ukara Pakon, lan Ukara Panguwuh. Semana uga sewalike.

Tuladha :

Ukara Andharan

:

Adhik tuku dolanan neng Kodam

Ukara Pitakon

:

Adhik tuku dolanan nengdi ?

Apa sing dituku Adhik neng Kodam ?

Ukara Pakon

:

Dhik, tukua dolanan!

Ukara Panguwuh

:

Wow, dolanane Adhik apik!

Tidak ada komentar: