25 Maret 2020

Artikel

 Artikel yaiku karangan faktual kang diwedharake kanthi jangkep lan nduweni dawa karangan kang wis ditemtokake kanggo dipublikasikake, saha nduweni tujuan nyampekake gagasan lan fakta sing bermanfaat.

Jinis lan tuladhane Artikel :
  1. Deskripsi        : karangan kang isine nggambarake sawijining kahanan (menggambarkan keadaan).
Ø  Tuladha     : Kelasku saiki wis resik sawise direnovasi, tembokke werna biru gawe senenge ati, bangku lan kursine anyar gawe aku semangat sinau, kipas angin enek loro sing ndadekake ora sumuk maneh pas diwulang Bapak / Ibu guru.

  1. Narasi             : karangan kang kedadeyan kanthi wektu kang wis tinamtu, runtut mulai awal nganti akhir.
Ø Tuladha     : isuk mau lampu bangjo prapatan BG Junction mati, meh ae enek kacilakan neng kono, untung wae pak polisi sigap banjur ngatur lalu lintas kanggo ngewangi para masyarakat sing liwat.

  1. Eksposisi        : karangan sing nduweni tujuan menehi informasi utawa pengetahuan tambahan kanggo pamaose.
Ø Tuladha     : kanggo mengantisipasi macet Demo neng gedhung Gubernur awan iki ngko, mula yen bisa dulur kabeh ngindhari dalan Pahlawan, alternatif wis disedhiyakne dening Dinas Perhubungan Kota Surabaya. Mula luwih becik dulur kabeh sinau dhisik jalure supaya ora kenek macet awan iki mengko.

  1. Argumentasi   : karangan sing tujuane mbuktekake sawijining bebener saka panemune penulis kanthi data/fakta minangka bukti.
Ø Tuladha     : Awan iki hawane katon panas banget, iki uga dibuktekake karo prakiraan cuaca sing ana neng Hpku, sing nuduhake yen ta awan iki frekuensine 35 derajat celcius. Iki sing nyebabake es neng kantin dina iki mau rada cepet entekke, merga akeh siswa sing padha tuku es kanggo ngadhemne awakke.

  1. Persuasi          : karangan sing nduweni tujuan kanggo ngajak pamaose supaya nglakoni apa sing dikarepake pengarang.
Ø Tuladha     : Desember iki wis nekani mangsa rendheng, mula kasuwun masyarakat ora mbuwang sampah neng kali utawa neng got supaya yen enek udan ora mampet aliran banyune. Merga kasus iki sing wis asring nyebabake Banjir neng kutha Surabaya iki.



Supaya luwih gampang mangerteni Materi Artikel, bisa sampeyan klik video ing ngisor iki
👇👇👇👇👇

Tidak ada komentar: