08 September 2021

UNDHA-USUKING BASA JAWA

1.     Basa Ngoko Lugu

·       Basa kang digunakake tembunge ngoko kabeh

·       Panganggone basa :

- Karo kanca saumuran/kanca dolan

- Wong tuwa marang wong enom

·       Tuladha : Kowe mau apa wis adus dhik ?

  

2.     Basa Ngoko Andhap/Alus

·       Tembunge basa ngoko kacampuran tembung Krama

·       Panganggone basa iki antarane Wong tuwa marang wong enom nanging sing luwih diajeni/duwe jabatan. Misal :

- Bapak sing luwih sepuh marang Pak Lurah sing luwih enom.

- Pak RT umur 50 marang Pak Bupati umur 40

·       Tuladha : Mengko yen wis longgar, jenengan mampir griyaku ya mas Lurah.

  

3.     Krama Lugu

·       Tembunge campuran krama lugu karo inggil

·       Sesulih aku dadi Kula

·       Sesulih kowe dadi Sampeyan

·       Panganggone basa : Wong sing luwih tuwa tinimbang sampeyan, nanging luwih nom tinimbang Bapak/Ibu/wong tuwa.

- Misal : mas, mbak, pak lik, om, bu lik, tante, dll.

·       Tuladha : Sampeyan mau numpak apa, Mas ?

  

4.     Krama Inggil/Alus

·       Ater-ater lan panambang dikramakake

·       Sesulih aku dadi kula utawa Dalem

·       Sesulih kowe dadi Panjenengan

·       Panganggone basa : Wong sing luwih tuwa uga luwih diajeni/dihormati.

- Misal : Guru, Bapak/Ibu, Pak Dhe, Bu Dhe, Simbah, dll.

·       Tuladha : Pak Guru, tugas saking panjenengan sampun kula kirim classroom.

Tidak ada komentar: