02 Mei 2015

Ramaku


Ing desa Sambireja ana randa kang ayu rupane, duwe anak siji kang bagus parase uga sregep lan grapyak. Bu Romlah asmane. Anakke duweni jeneng Satya. Bu Romlah duweni pakaryan nglatih tari lan ngedekake sanggar tari ing desa kono, jenenge sanggar tari Asmarandhana. Bu Romlah awit ditinggal garwane 19 tahun kepungkur, dheweke ngawiti ngedekake sanggar amarga amung iku kang bisa nyokong panguripane. Dewi lan Ratri iku bocah warga desa Sambireja kang kerep ngrewangi Bu Romlah nglatih nari.Anggone nglatih nari Bu Romlah sabar lan apik banget, Satya kang dadi anak lanang siji sijine uga bisa gawe bombong atine ibune. Satya pinter ngendhang lan kerep nggawa piala mulih amarga prestasi anggone sekolah.
Ing sawijining dina,nalika Satya oleh surat saka sekolah yen Satya iku oleh beasiswa kuliah ing salah sijining Universitas Seni ing Surabaya, ibune kaget.
            “ya.. Satya.. rene le!”
            “dalem ibuuu...wonten napa?”
            “awakmu oleh beasiswa kuliah ing surabaya le!”
            “mila bu?lha ibu pripun?”
“hlo.. kok mikirne ibu ta le?”
“lha mangke menawi ibu kula tinggal terus pripun?”
“wis ta..sing penting awakmu iku kuliah. Amarga ibumu iki ora bisa nyekolahne”
“boten bu, kula boten purun ninggal ibu piyambak dhateng dalem”
Satya bocah kang pinter lan mituhu iku ora gelem ninggal ibune dhewe ing ngomah mula saka iku dhewekke mutusake yen melu ibune ngregengake sanggar tari. Ibune katon ora sarujuk yen Satya tetep ing omah ora kuliah. Mula saka iku ibune ngujuk-ngujuki Satya supaya gelem nampa beasiswa kang wis cumepak kanggo dheweke.
***
Sumunare srengenge sore katon cemlorot ing sisih kulon, omah cilik kang nduweni plataran amba iku disawang sawang marang Romlah.
“yen Sarji isih urip mesthi wae uripmu ora kaya ngene le” Romlah nggremeng dhewe sinambi mandheng latar kang gawene dienggo latihan nari bocah bocah.Dumadakan ana Pak RT kang liwat banjur aruh sapa marang Romlah.
“sugeng sonten bu Romlah?”
“Ealah Pak RT ta, inggih pak, badhe tindak pundi?”
“Badhe dhateng toko, tumbas udud Bu”
“pinarak pak!”
“ inggih Bu, matur nuwun.
Sanalika Romlah ora bisa ngempet rasa kapange marang bojone, luh tumetesan nelesi pipine kang isih alus. Satya kang lagi wae mulih saka sekolah ngingeti ibune kang katon pucet. Banjur satya ngejak ibune mlebu omah banjur dijupukake ngombe. Satya bingung kena ngapa kok ibune mara-mara kaya wong lara. Satya takon marang ibune, luh kang terus tumetes marakake Satya tambah bingung ora karuan.
“Bu, wonten napa taBu?”
Amung tumetese eluh kang bisa didudohake marang anakke. Ora suwi ibune Satya ngomong
“Le.. awakmu kudu gelem kuliah ing Surabaya, ya le..?”
Satya kaget kena ngapa kok ibune meksa supaya Satya gelem nampa beasiswa iku.
“Kula mboten purun ninggal ibu, beasiswa mangke namung kangge kaperluan kuliah mawon ingkang didanani, menawi kebutuhan sabendinane niku piyambak Bu.” semaure Satya.
Ibune njawali,“yen kaperluan sabendinane bisa digolekne le”.
Satya mangsuli pitakone ibuke. “menawi samenika ingkang sampun dados kersane ibu, kula mituhukemawon”.
Dina senin tanggal 2 agustus Satya budhal ing Surabaya, amung ana ibune kang manggoni omah joglo iku. Sabendina swara gamelan pating klentheng ngiringi bocah-bocah kang latihan nari ing plataran omahe Bu Romlah.
Dina baka dina dilewati bu Romlah kathi lancar, tiba ing sawijining dina Satya kirim surat menyang Ibune, menehi kabar yen Satya butuh sangu amarga dheweke kepingin melu salah sawijning kegiatan ing Makassar. Nalika iku ibune uga keblebet utang amarga nglatih nari ora bisa nyukupi gawe kebutuhan lan sandhang pangane. Ibune uga kepengin yen sekolahe Satya iku ora pedhot. Mula saka iku ibune ing omah buka warung. Nganti tiba ing sawijining dina Romlah kepencut karo dhudha ing Desa sebrang. Dhudha iku jenenge Rahmana, amarga kerep anggone mangan ing warunge, mula Romlah dadi kepincut marang Rahmana.
Rahmana kang duweni pakaryan dadi sopir iku duwe anak siji jenenge Tari, kang umure sapantaran karo Satya uga sekolah ing Surabaya. Ing sawijining dina Satya mulih, dheweke katon bungah amarga bisa kepethuk marang Ibune.
Swarane jangkrik lan cemlorote lampu limang watt marakake swasanane ing omah iku dadi anteng lan ayem. Satya lungguh ing ngarep omah sinambi ngombe wedang kopi kang wis digawekake dening ibune. Dumadakan Ibune teka banjur takon kepriye kuliahe ing Surabaya, amarga Satya bocah kang pinter lan sregep mula Satya tetep nduweni prestasi kang apik. Ibune bombong banget meruhi Satya duweni prestasi kang apik. Wengi iku ibune uga takon ing Satya
“le..ibu arep takon”
“badhe taken napa bu?”
“Ibu kenal karo Pak Rahmana warga Desa Sumbermulya, priyantune  sopan, gagah, lan ketoke ya pawongane apik”
“lajeng pripun Bu?”
“Pak Rahmana kagungan putra siji, uga saumuran karo awakmu, kuliahe uga ing Surabaya”
“lajeng pripun ingkang dados kersane Ibu?”
“ya..tinimbang Ibu dhewe ing omah rak enak yen Ibu iki duwe kanca ta le?”
“dadose Ibu samenika kagungan kersa bebrayan malih?
“iya le..kepriye yen kaya ngono?”
“menawi ngonten nggih boten napa-napa Bu, ananging kula kepengin tetepangan rumiyin kaliyan Pak Rahmana.”
“ya wis yen ngono sesuk ibu kenalne karo Pak Rahmana.
Satya kang isih durung ikhlas yen ibune bebrayan maneh isih mikir, ananging kuwi wis dadi kersane ibune mula Satya uga kudu bisa trima lan nglegawa anggone ibune bebrayan.
Jam pitu esuk dumadhakan ana pawongan kang gedhe dhuwur nothog lawing.
“Kulanuwun”
Sawise Satya mbukak lawing, dheweke kaget ngingeti pawongan kang gedhe dhuwur lan bocah ayu ing sandhinge. Romlah teka banjur takon ing Satya
“sing teka sapa le...?”
Satya amung meneng ora bisa ngomong. Banjur ibune mara,“Ealah.. Mas Rahman, pinarak mas”.
Satya mlebu omah golek ngombe.Amarga sing dipethuki mau ora liya yaiku wong tuwa saka mantan pacare Satya kang ana ing Surabaya, banjur wong wadon kang ayu rupane iku ora liya ya mantan pacare, dheweke putus amarga Tari tau didol marang wong tuwane gawe ngragati anggone Tari kuliah. Mula  saka iku Satya bingung ora karuan. Sawise Satya ngerteni sapa iku pawongan kang bakal dadi calon bapake iku, mula Satya bakal murungake niate gawe nyarujuki anggone Ibune bebrayan. Ibune kuciwa banget marang sikape Satya amarga Ibune ora ngerti kena ngapa dumadakan Satya ora nyarujuki kersane Ibune.
Pungkasane Satya cerita kena ngapa dheweke ora sarujuk marang Pak rahmana, Ibune kaget banjur Ibune uga cerita yen Satya iku sejatine dudu putra saka Sarji kang wis dianggep bapak kandhung marang Satya, nalika semana Romlah isih urip ing kutha dheweke dadi penari. Ora amung wong lanang siji, loro utawa telu kang wis njamah Romlah. Nganti ing sawijining dina Romlah meteng lan ora ana sing gelem ngakoni amarga dianggep ora jelas sapa kang dadi bapak  saka jabang bayi iku. Satya amung bisa meneng, dheleg –dheleg ngrungokake ceritane Ibune. Banjur Ibune nerusake ceritane yen Sarji iku pawongan kang duweni sifat apik, dheweke gelem ngrabi Romlah senajan Sarji ora tau ndemok Romlah nanging dheweke ikhlas anggone ngakoni yen Satya iku putra kandhunge. Nganti saiki ora ana sing ngerti babagan cerita sapa iku sejatine Romlah iku. Romlah amung bisa cerita lan nangis ngguguk ngingeti Satya kang lemes sendhen ing kursi cedhak cendhela kamar tengah.
Sawise Sarji lan Romlah rabi, ing sawijining dina Sarji kecelakaan ditabrak bis lan nyawane wis ora katulungan maneh. Amung rasa trenyuh kang ana ing sajrone atine Romlah. Romlah amung bisa ndhelikake sapa sejatine dheweke iku marang warga kampung lan kulawarga saka Sarji. Satya amung bisa pasrah lan ora bisa apa-apa nanggepi kasunyatan iku. Satya ngrasa kuciwa banget marang ibune, ananging Satya uga ngrasa trenyuh marang nasibe ibune lan semangate gawe nggedhekake dhewekkenganti dadi bocah kang migunani.
Tiba ing sawijining dina, Satya diparani marang dosene amarga Satya bakal didadekake Mahasiswa teladhan, mula saka iku Satya kudu nyepakake apa kang diperlukake gawe persyaratane iku mau. Dosen karawitan kang dijuluki dosen paling ramah lan sopan iku asmane Pak Yanto. Dheweke kerep dikirim dadi duta Kebudayaan. Dina  selasa jam 08.00 esuk Pak Yanto mara ing omahe Satya.
“Kulanuwun?
Satya kaget amarga dosene mara, banjur Pak Yanto diaturi pinarak, lewat saka 15 menit anggone Pak Yanto lan Satya guneman, ibune Satya teka saka Pasar. Bayem,kangkung,brambang,bawang lan sapitunggalane mawut ora karuan. Klemun klemun, abang,ijo,kuning dumadakan amung peteng dhedhetkang ana ing pandengan. Kaget campur seneng uga gela campur adhuk ing pikirane Romlah. Romlah ambruk ing plataran omah sawise ngerti Satya guneman karo Pak Yanto.
Sawise Romlah sadar, dheweke amung bisa nangis ngguguk. Satya bingung, kena ngapa ibune nganti ambruk ing plataran omah, lan nangis ngguguk. Sawise Romlah ngrasa yen dheweke bisa nglerem atine, mula dheweke menyang ngarep banjur cerita marang Satya lan Pak Yanto yen sejatine pak Yanto iku bapakke Satya.
Sanalika Pak Yanto amung bisa njaluk pangapura marang Satya lan Romlah amarga dheweke nalika iku ora ngerti yen Romlah ngandhut, mula saka iku amung rasa nyesel kang ana ing atine Yanto. Ing wayah iku uga dhewekke crita yen sabaline saka Kalimantan, Yanto nggoleki Romlah ing panggonane Romlah kerja, ananging kancane Romlah kang jenenge Iswati ngomong yen Romlah wis rabi lan ora kerja maneh ing kana. Mula saka iku dhewekke wis nduweni janji ing atine, ora bakal rabi sadurunge ngerti yen uripe Romlah iku penak. Wayah iku uga Yanto nglamar Romlah lan bakal ngakoni yen Satya iku anak kandhung saka Yanto. Sawise rabi, Romlah, Yanto lan Satya uripe ayem tentrem lan mulya, Sanggar tari Asmarandhana uga tambah regeng lan kasuwur.
***
  
 _Mareta Andansari 072114013
Jawa 07

Tidak ada komentar: