Esem kang manis
lan nentremke ati, pocapan kang nglerepake sakabehing reruweting urip. Kaya
mangkono mau nalika sliramu ketemu kalawan kenya kang sulistya ing pambudi.
Kalyana kuwi bocah kang alus nanging bocah kang nduweni wateg kang teges uga.
Bocah lulusan kedokteran
hewan kuwi saiki nyambut gawe ing bandara dadi dokter ing kana. Biyasane
nangani kewan-kewan kang digawa para penumpang nalika mlebu utawa metu saka montor
mabur.
Bocahe
ora kakehan gunem, nanging isih isa grapyak marang para penumpang kang
kewan-kewane dipriksa. Panggaweyane nalika jam pitu esuk ganti jam pitu bengi.
Bengine isih ngrewangi ibune jaga toko. Nanging eloke Kalyana arang ngresula.
Dheweke nduweni adhi kang umur pitulas taun. Adhi lanang kang banget diemong
lan ditresnani. Nalika blanjan, biyasane adhine mau dijak metu mlaku-mlaku
menyang toko buku. Adhine mau arane Sandy nanging satemene jenenge mono Ardi.
Amarga kerep lara-laranen jeneng Ardi diganti Sandy.
Kalyana
kang sabendinane lunga menyang bandara kang adohe saka omah nganti pitung kilo
kuwi isih ngugemi apa kang diweling dening eyange sakdurunge seda, yakuwi
menawa numpak kendharaan aja ngebut sak kesusune kaya apa diupaya aja nganti
ngebut. Kaya mangkono
mau uga diwantek-wantekake menyang Sandy. Banter oleh naging aja yak-yakan
Dina
Setu biyasane dheweke mulih setengah ari, nganti jam telu wae. Nanging
dina kuwi ndilalah
dheweke kudu didhinesake menyang luar kota. Gelem ora gelem, dheweke budhal.
Bapak lan ibu ngeterake nganti terminal, amarga Kalyana didhinesake menyang
kutha Malang. Udan deres nalikane bapak lan ibune ngeterake nganti terminal lama, kok ya ngepasi
dalane banjir, dadi mlakune mobil nggremet. Alon waton kelakon, kuwi miturut
wongtuwane uga.
Sawise
pamitan marang bapak lan ibune, Kalyana nuli numpak bis jurusan Surabaya-Malang.
Sanajan uripe kecukupan lan sarwa kasembadan
apa kang disejakake,
Kalyana ora banjur numpak bis sing patas. Ananging numpak bis ekonomi wae kang “matasi”,
utawa bis patas tarif eknomi.
Bis
wis mlaku lan ora krasa wis ameh rong jam dheweke lungguh ing sajroning bis.
Wis teka terminal Arjosari, numpak AL tumuju Barawijaya. Dhinese mau amung
nemoni Kepala Dinas Peternakan saka Jakarta, kang ngepasi lagi diundang seminar
dening mahasiswa teknik industri ing kono.
Kalyana wawancara singkat ngenani penyakit kewan kang wis pirang-pirang
dina iki ditemoni, kira-kira
obat apa kang pas kanggo ngusadani penyakit mau.
Sawise
tugase rampung, dheweke tumuli bali wae menyang Surabaya. Amarga wis kasil
data-data kang dibutuhake. Nalikane bali menyang Surabaya dheweke numpak sepur.
Ana ing satengahe trowongan dheweke krasa ana kang nyedhaki, nanging bareng
ditoleh ora ana uwong blas. Kamangka dheweke uga krungu suwara “sing ngati-ati
ya ndhuk”.Atine banjur
ketir-ketir, pikirane sing ora-ora. Nanging
dasar bocah kang ora tau neka-neka, isine amung dienggo nyebut asmane Gusti Alloh, amrih
atine tentrem maneh.
Sepur pungkasane mandheg ing stasiun Gubeng lan dheweke
ora matur bapak lan ibu supaya dipapag, amarga dheweke emoh diarani bocah kang
pikirane ora mletik, sithik-sithik njaluk diternenjaluk dipapag,
kajaba kepepet wis wengi utawa udan. Bareng tekan omah dheweke ora nemoni
adhine lan ibune. Banjur dheweke takon marang bapake
“ Ibu kaliyan Sandy dhateng
pundi Pak?”, banjur bapake sumaur cekak “ Tuku beras”.
Krungu saurane bapake dheweke
lega banjur mlebu kamar lan reresik awak.
Ora let suwe wong kang ditakokake wis ana ing ngomah.
Banjur ibu ngendika
“Dina iki mangan metu wae ya Pak. Ibu lagi males masak.”
“Ya wis, ayo
saiki wae. Kae mesakne Kalya wis kluwen paling” wangsulane bapak.
Kalyana katon isih
kesel, Banjul ibu ngendikan. “Yan, melu metu maem apa digawakake wae? Wong
ketok lemes ngono hlo” tawane ibu.
“Mangga kersa
Bu” karo mesem.
”Ya uwis dibuntelne wae. Ayo gek ndang budhal Bu. Cah-cah
ben tunggu omah.” ngendikane bapak ngajak ibu.
Sandy lan Kalyana lingguh ing sangarepe tipi lan
nonton berita. Ing Jogja jarene ana kobongan, kok ya tibakne sing kobongan kuwi
tanggane ing Jogja kana. Pas ngarep omahe kang ana ing Jogja. Kalyana banjur
ngebel eyange, nakokake pawartane, amarga wedi menawa eyange ana apa-apa
gara-gara kobongan kuwi. Nanging alkhamdulillah, ora apa-apa, amarga eyang lagi
ana ing daleme budhe ing Klojen, Solo. Atine wis tenang. Nanging ora weruh, ing
pikirane isih kepikiran kedaden ing trowongan nalika numpak sepur.
Atine isih deg-degan, ketambahan bapak lan ibune mundhut
mangan wae nganti rong jam. Hp ne ora diasta kabeh sisan. Bubar maghrib, dheweke
ngajak Sandy metu, nggoleki wong tuwane, sapa ngerti antriane dawa. Nalika
tekan panggon mangan kang biyasane ditekani keluwargane nuju ora masak, ndilalah ora ana.
”Banjur
bapak-ibu tindak ngendi?” batine Kalyana. Tambah ora karuwan kuwatire. Nanging
dheweke banjur mulih wae, sapa weruh mau simpangan karo bapak-ibu ora weruh,
banjur ibu wis tekan omah.
Satekane ingomah, ora ana
sapa-sapa. Atine tambah keweden, Sandy kang biyasane ndlendem dumadakan
jantunge krasa lara meneh, mikir bapak-ibu ora kondur-kondur. Kalyana bingung, Sandy
dumadakan semaput.
Dheweke nyeluk Mbak Nah, lan bojone, supaya ngewangi ngeterake Sandy menyang
Rumah Sakit Dr.Sutomo, dene Radith kancane Sandy dijaluki tulung tunggu omah,
menawa bapak-ibu
kondur kapurih menyang rumah sakit.
Sandy mlebu
menyang UGD, dioksigen, dipacu jantung nanging bocahe ora obah blas. Kaya ing tipi-tipi ngono kae.
Rasane Kalyana wedi kelangan adhine kang manut lan kang ditresnani. Nanging ana
ing kono dheweke entuk telpon saka omah.
“Mbak, aku
entuk telpon saka kepolisian. Ngandhani menawa bapak-ibune peyan mlebu RSUD. Mbak lak nang kono ta? Golekana nang UGD mbak,
jare polisi ngenteni nang kono.” suwarane Radith saka telpon omahe.
Atine wis ora
penak blas, nanging wis dikira menawa apa
kang dirungokake mau pratandha ora kepenak. Bareng nyawang mburi ana rong wong
kang kaku ngececeng kaya mayit. Ora krasa luhe tumetes. Bapak-ibune wis
kapundhut dening kang Maha Kuwasa. Ora let suwe, doktere ngomong, menawa nyawane
adhine uga ora bisa ketulungan.
Kalyana ora bisa
ngomong apa-apa, ora bisa obah,nanging uga ora semaput. Donyane rasane ilang,
rasa luwe kang ana ing wetenge dumadakan dadi kebak. Ndlewer luh ing pipine
kang alus. Swara kiwa- tengene wis ora dianggep maneh. Bapak lan ibu kudu
ninggalake dheweke sakdurunge dheweke nduwe sisihan, adhi kang
digadhang-gadhang uga kudu ndherekake rama lan ibu. Eyang ana Solo, uga wis
sepuh. Rasane dhewe ing ndonya iki ora ana penake. Apa swara ing sepur mau
awan, tandha pamite ibu?
Sabubare pitung
dinanan wong kang kinasih ing uripe, wong telu kang ngukir dina-dinane biyen,
saiki amung meneng ana ing sangisore maesan. Nanging Kalyana kudu tetep urip
kaya biyasane, kanggo nutugne pangarepe wongtuwane supaya dheweke dadi wanita
kang kendel, tatag lan kuwat ngadhepi perkara ing urip iki. Sabubare patang
puluh dina, dheweke njaluk mutasi menyang Yogja, arep ngopeni eyang kang isih
ana. Kanggo nebus rasa salahe amarga durung kaleksanan nyenengake wong tuwa lan
adhine. Ana ing Yogja kana, dheweke nduwe krenteg, bakal miwiti urip kang anyar
karo tresna kang digawa saka Surabaya, saka tresnane bapak, ibu lan Sandy.
Dening
: Indah S.
072114025_Jawa
07
Tidak ada komentar:
Posting Komentar