Panggaweane Prapto
pancen mung minangka wong sing nggolek larahan ing kutha. Iku dilakoni nalika
wis kebacut ninggalake desa klairane saperlu nggolek pangupa jiwa menyang
kutha. Sejatine dheweke ora kepengin nduwe panggawean kaya mangkono, nanging
kepriye maneh ing atase mung sangu nekat kathik ora nduwe pengalaman babar
blas. Dheweke wis ngajokake lamaran menyang sawenehing panggonan sing sekirane
isih butuh tenaga kerja nanging muspra. Nganti judheg durung nemu panggawean
kamangka anak bojone ing desa banget mbutuhake wragad. Mula, dheweke manut wae
nalika kancane saka desa sing ngajak dheweke nawani dadi pemulung mesisan
kanggo nglumpukke modhal.
Nuju
sawijining dina Prapto arep miwiti panggaweane sing padatan bareng
kanca-kancane. Dheweke wis tangi wiwit azan Subuh keprungu saka mushola sing
ora adoh saka TPA. Bubar sembahyang Prapto lungguh thenguk-thenguk ing ngarep
kontrakane.
“Muga-muga dina iki aku oleh asil sing akeh!” ngono
pangarep-arep Prapto jroning ati.
Dumadakan ora kenyana-nyana kancane loro wis ing
mburine Prapto karo nggumun nyawang polahe Prapto sing isih esuk nglamun bae.
“Hayoo.....esuk-esuk aja nglamun. Kowe mengko selak
tuwek lho?hahahaha”panggetake Kirno karo ngguyu.
“Masya Allah, aja ngaget-ngageti ta. Mengko nek
jantungku copot piye?”sumaure Prapto karo ngelus dhadha.
“Ora-ora Prap nek jantungmu bakal copot. Aku iki
ngerti nek jantungmu iku sehat merga kerep olahraga saba kampung, hehehe...!”
Bejo sing awake lemu melu-melu nyaut.
“Jane ana apa ta Prap awakmu kok ngelamun esuk ngene
iki. Kudune rak wis cepak-cepak kanggo makarya?” Kirno neruske omongane Bejo.
“Nek ana masalah mbok ya crita. Ing kene sing dadi
kulawarga cedhakmu rak mung aku lan Kirno sing bisa koksambati menawa bae kowe
butuh pitulungan sing sekirane bisa aweh solusi.” Ujare Bejo.
“Ngene ya kancaku, aku ora kok kepengin nggawe
awakmu penasaran marang apa sing dakalami iki. Aku ngerti nek awakmu sakloron
wis dakanggep kaya sedulurku. Mesthine awakmu kabeh ngerti apa sing ana ing
pikiranku saiki.” Prapto omong karo unjal ambegan landhung.
“Sik ta sik ta, aja-aja masalah sing biasane kae”
Bejo mbedhek apa sing ana pikirane Prapto.
“Bener iku Prap?” pitakone Kirno
“Pancen bener apa sing kokomongke. Aku mikir masa
awake dhewe kudu ngene terus manggon ing kutha kanthi panggawean sing ora
maton. Kamangka kebutuhan awake dhewe lan kulawarga ing desa saya dina saya
akeh. Kulawarga ing desa tansah ngarep-arep asiling kita makarya lan adus
kringet turut dalan njupuki larahan sing sekirane bisa didaur ulang maneh.”
Prapto mangsuli pitakonan kanthi nyawang adoh.
“Wis ora usah mikir sing ora-ora. Sing baku awake
dhewe nglakoni panggawean iki kanthi ikhlas lan sing penting halal ora ngganggu
liyan.” Panemune Bejo.
“Aku sarujuk marang apa sing diomongke Bejo. Kanthi
niyat sing ikhlas panggawean sing abot bakal krasa entheng. Elinga ya Prap, ing
kene awake dhewe nek bisa karo ngumpulke modhal sing mbesuke saora-orane bisa
kanggo modhal.” Kirno menehi pendhapat.
“Ya wis nek iku dadi panemumu kabeh. Aku wis sadhar
nek awake ing kene minangka perjuwangan hidup ing alam dunya. Sapa ngerti
kanthi cara iki awake dhewe bisa nggayuh sukses.”Prapto sumaur kanthi mesem.
“OK, semangat-semangat.” Bejo ngadeg karo ngepelke
tangan.
“Ayo saiki cepak-cepak, selak awan!”pangajake Kirno
Pawongan telu iku banjur nyepakake piranti kanggo
makarya. Sakwise sarapan banjur mlaku bebarengan nuju TPA.
Sesuke
pawongan telu iku mau kaya-kaya oleh duren rubuh. Ora dikaya ngapa senenge awit
truk-truk sing mara menyang TPA kono luwih akeh saka padatane, tur mot-motane
luwih akeh larahan sing isih bisa didaur ulang tinimbang larahan organik.
“Rejeki nomplok teka Coy, hehehehe....!” Bejo omong
karo cengengesan
“Kudune rak ya Alhamdulillah ta Jo?” pitakone
Prapto.
“Iya Jo, aja mung cengengesan bae!” Kirno ngelingke
Bejo.
“OK, Alhamdulillah ya Allah!” ujare Bejo.
Kabeh banjur neruske panggaweane dhewe-dhewe
nglumpukake larahan sing sekirane ana ajine. Banjur diklumpuke ing kresek gedhe
lan diwenehke pengepul saperlu ditimbang lan diregani manut bobot barang ing
kresek sing wis ditimbang. Sakwise nampa bayar Prapto, Kirno, lan Bejo mulih
menyang kontrakane nalika wis surup.
Sakwise
adus lan mangan, pawongan telu iku mau leyeh-leyeh ing lincak ngarep kontrakan
sinambi ngopi lan rokokan. Nalika leyeh-leyeh, kabeh crita ngalor-ngidul lan
gegojegan.
“Kir lan kowe Jo, oleh asil pira awakmu iki
dina?”pitakone Prapto.
“Rahasia dong! Pokoke rahasia perusahaan pantang
dicritakake senadyan karo kanca dhewe.” Sumaure Bejo karo kedhul-kedhul ngudut
rokok kreteke.
Sakwise nyruput kopine, Kirno ngentahi omongane
Bejo, “Halah-halah Jo Jo ngono bae nganggo rahasia barang. Kaya perusahaan
gedhe bae, hahaha....!
“Ya bene, gue gitu loh!” Bejo ngece kancane kanthi
polatan nyleneh.
“Ora ngono lho Jo, senadyan awakmu ora crita aku ki
ya sakjane ngerti pira asilmu mau. Awit aku mau rak nimbang asil ing sandhingmu
lho. Dhasar gemblung hahahaha....” Prapto melu-melu ngelokke Bejo.
“Mendah iya awakmu mau awan ing sandhingku? Aku kok
lali.” Pitakone Bejo karo ngukur sirahe sing ora gatel.
“ Dhasar pikun, sik enom wis pikun. Ngalah-ngalahke pakdheku.”Kirno
ngelokke Bejo.
“Hahahahahaha........!”kabeh ngguyu bebarengan.
Waktu ora rinasa saya wengi kabeh banjur age-age
mapan turu kareben sesuk esuk bisa makarya kanthi awak sing seger.
Ora
krasa anggone pawongan telu iku makarya ing kutha meh nganti setaun. Saka
asiling dadi pemulung saiki bribik-bribik wiwit nampa setoran saka pemulung
liya sing ora liya minangka anak buahe. Prapto Cs. uga ora nolak yen ana
pemulung liya arep setor.
“Kir, Prapto iki mau menyang ngendi kok ora ketara
kawit esuk? Kamangka iki akeh penggawean sing kudu dirampungke.” pitakone Bejo
marang Kirno.
“He Jo, Prapto iki mau ya makarya. Dheweke mau esuk
nalika kowe tuku sarapan omong marang aku nek arep menyang daleme Pak Burhan.”
Wangsulane Kirno.
“Pak Burhan...., Pak Burhan sapa?” Bejo isih takon
terus.
“Pak Burhan iku sing nduwe perusahaan daur ulang
sampah sing biyasane nampani bahan baku saka awake dhewe lho.” Kirno
njlentrehke marang Bejo.
“Pancen aku ora ngerti je. Awit penggaweanku ing
kene terus ora tau menyang ngendi-endi. Sing bageyan humas rak si Prapto kae
ta? Sing bageyane udrag-udrug ora ana tujuwane.” Bejo semu nggrundel.
“Wis wis....ora usah dibahas maneh. Iki mau sing
setor ana wong pira?” Kirno genti takon marang Bejo.
“Iki mau nek miturut cathetanku ana pitung wong.
Sing paling akeh disetorke botol plastik sing cacahe ana rong puluh karung.”
Sumaure Bejo.
“Ora ana sing liyane?” Kirno terus nelisik.
“Sing liyane kayata kerdhus lan kertas bekas ora
sepira akehe.” Bejo mangsuli sinambi ndeleng cathetane.
“Nek nyathet sing premati lho Jo. Aja nganti ana
sing keliwat!” pangelinge Kirno.
“Siap Pak Bos. Beta siap jalankan perintah,
hehehehe....!” Bejo sumaur rada sora
Ing
panggonan liya Prapto nemoni Pak Burhan ing daleme sing klebu kawasan elit ing
Surabaya. Dheweke mrono numpak angkutan kota lan nggawa tas cilik sing isine
cathetan sing sekirane dibutuhke nalika mengko cecaturan bab bisnis. Sakwise
mencet bel, dening pembantune Pak Burhan banjur dikongkon mlebu.
“Selamat siang Pak Burhan!” sumaure Prapto.
“Oooo....selamat siang Pak Prapto. Silahkan duduk!”
Pak Burhan nyumanggakke.
“Begini Pak Burhan, kehadiran saya di sini untuk
memenuhi permintaan bapak agar saya hadir di rumah bapak.” Prapto medharake
niyate.
“Ooo mengenai permintaan saya tempo hari tersebut
ya? Begini Pak Prapto, saya ingin membicarakan kelanjutan kerja sama kita. Saya
sebenarnya agak gimana gitu membicarakan hal ini. Tapi mau gimana lagi, ini
berhubungan dengan bisnis saya.” Pak Burhan medhot omongan sawise weruh
pembantune mlebu ruang tamu nggawa baki isi teh rong cangkir.
Krungu tembunge Pak Burhan, Prapto wiwit ora kepenak
atine. Aja-aja sing arep diomongke Pak Burhan iku warta sing ala.
“Silahkan saja Bapak bicarakan, tidak apa-apa kok
Pak.” Panyuwune Prapto.
“Saya lihat hasil kerja sama kita ini tidak
mengalami perubahan yang berarti. Bisa dikatakan stagnan alias jalan di tempat.
Sebelumnya saya minta maaf bahwa saya ingin menghentikan kerja sama penyediaan
bahan baku untuk sementara waktu. Khususnya peyediaan botol plastik bekas kurang
bisa memenuhi kuota yang dibutuhkan” Pak Burhan ngendikan.
Kaya disamber bledheg,
Prapto kaya ngapa kagete krungu tembung iku. Pikirane wiwit judheg mikir
kepriye bacute usahane mbesuke yen wis ora ana mitra kerja maneh. Prapto banjur
ngerih-erih Pak Burhan amrih aja kesusu ngetokke vonis kaya ngono. Banjur
Prapto lan Pak Burhan nggawe prajanjen kanthi isi kudu ningkatake kiriman bahan
baku kanthi tenggat waktu sing wis ditemtokake bareng. Sakwise iku Prapto
nyuwun pamit marang tuwan rumah.
Sadalan-dalan
ing ngarep daleme Pak Burhan nganti dalan gedhe Prapto sumpeg pikirane. Dheweke
mikir kepriye nasibe lan kanca-kancane tur apa maneh para pemulung sing dadi
anak buahe minangka pemasok utama bahan baku yen sesambungan kerja karo Pak
Burhan kandheg ing tengah dalan. Bisa-bisa kabeh dadi pengangguran total ateges
pawon ora bakal ngebul maneh. Sakliyane iku kepriye kanggo nutupi utange marang
kadang mitrane kabeh lan nguripi anak bojone ing desa. Apa ya kudu nggolek
mitra kerja anyar? Kamangka iku dudu perkara sing gampang.
“Aku ora oleh nglokro lan putus harapan. Aku kudu
terus maju senadyan ana pepalang sing dakadhepi. Kudune nek perkara iki
dakcritakake marang Bejo lan Kirno, kancaku loro iku ora bakal sungkawa. Menawa
bae iki mung pepeling saka Gusti supaya anggonku makarya luwih sregep maneh.
Karodene pakaryan dadi pemulung iku ora elek, nadyan akeh anggepan kaya ngono.
Malahan para pemulung bisa ngewangi pamarentah kanggo ngelongi volume sampah.”
Mangkono tekade Prapto.
Prapto
terus nggiligake tekade iku mau sajroning batin. Nanging sing dadi pitakonan,
apa ya bisa kancane, Bejo lan Kirno bisa ngdhepi kasunyatan iki kaya dheweke?dening : Dharaka
PBD 2007 A
Tidak ada komentar:
Posting Komentar